

Lagi oleh separo perjalanan,bar wae ngeyup mergo grimis njuk neruske ngontel pit rodok banter,lha pas kui iseh gerimis.Hawane rodo anyep-anyep piye ngono.Aku ngepit ming wong loro mergo liyane do iseh turu.Jian hawane sejuk tenan grimis sitik sinambi nyawang pemandangan alam di pagi yang masih mruput ini.
Koncoku siji iki le ngepit buanter,mungkin mergo selak pingin tekan nggone tujuan.Padahal rumangsaku iseh kemruputen.Dekne bengak -bengok ngejak rodo banter meneh.
” Woy ayo!.Cepet to selak udan deres.”
“Alon-alon wae lunyu ki dalane….Ndak kepleset ngko,nyante wae iseh isuk iki.”
” Ora masalah kui,ngko ndak gelak duwor matahari ne,nggo poto ora apik.
“Halah,poto-poto ki ndadak ngurus matahari.”
“Weh,ngko ki mampir kali sek,jian nggone apik banget nggo Selfi.”
Youwes lah,gandeng kene mung dijak aku manut wae, teros ngontele rodo banter
Bar kui mendadak koncoku sing rodo koclok kui
mau ora ngenei obo-obo, langsung menggok ngiwo.Mbuh rep nengdi,pokoke aku yo mung ngetotne wae.”Grubyakkk”dalan sak galengan waton di sasaki,bocah kui mbuh ngopo kok ndingaren tenan, kemrungsung ora koyo adate,biasane nek ngepit yo mung sak tekane,,eeee…esuk iki kok dekne ngepit ngentes koyo wong kesurupan.
“Hoooppps,wes tekan,”
“Ngendi iki kok aku lagi reti pisan Iki.”
“Hayo kene ki nggone sing apik,Kono Kowe Poto – poto sek,aku tak makani iwak delit.”
“Wolhaa….jebul kowe ngebut,nyusu-nyusu ki ming gelak ngampet ngiseng tho.?”
“Ha.ha…ha,ning rakyo jos tho pemandangane.”

“Mbok ngomong ketmau Dul,ngertiyo rakyo tak kon ngesak watu,ben rasido metu.”
“Dengkolmu mlocot kui suu.”







